Kamis, 13 Februari 2020

Wewaler

Budaya Wewaler



   Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayan kui.


Gugon tuhon

  • Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong kang dadi mangsane Bathara kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora di mangsa bathara kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon amurwakala.
      Sing kalebu bocah sukreta yaiku:

  •  Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung tembung boten ilok utawa ora ilok sing ngemu teges ora becik.
  • Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindhakake
  • Budaya jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kulawarga, lan kadonyan


Pituduh
 
      Munggahe bebrayan jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki.

  1. Pituduh mangepokan karo Gusti kang Maha Wisesa
  2. Pituduh kang mangepokan karo rohani
  3. Pituduh mangepokan karo kang manungsaan 
  4. Pituduh kang  magepokan karo kabangsan
  5. Pituduh kang mangepokan karo kulawarga
  6. Pituduh kang mangepokan karo kadonyan

Wewaler
     Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan jawa uga kapatha dadi enem pepathan, kaya ing ngisor iki.


  1. Wewaler karo magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
  2. Wewaler kang magepokan karo rohani
  3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
  4. Wewaler kang magepokan karo kebangsan 
  5. Wewaler kang magepokan karo kulawarga
  6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan
Sumber: Gegaran nyinau basa jawa kelas XII SMA

Jumat, 07 Februari 2020

Iklan

                                                                                                                 IKLAN
     Iklan kang becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iklan kang kurang prayogo iku iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu.
      Ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa ditemonu ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo marang iklan.


A. Ngrembug teks iklan

Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhianr iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan (tv lan radio) lan iklan tulis (pamflet,poster,baliho bisa uga kacithak ing ariwati utawa kalawarti).
Unsur-unsure iklan ing antarane yaiku:
1. Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake
2. Pihak utawa pawongan kang masang
3. Alamate sing masang
4. Kahanan sartw manfaat barang utawa kang ditawakake.

Basa teks iklan ikh beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:
1. Migunakake slogan
2. Ukarane persuasi utawa mbujujwong liya
3. Migunakake subjek wong kapisan.

B. Nulis teks iklan

Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku:
1. Sing dituju kudu cetha
2. Sing ngirim kudu cetha
3. Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha
4. Narik kawigaten sing maca
5. Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca
6. Nhwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake
7. Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake
8. Nggunakake slogan utawi sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling

C. Carane nulis iklan

1. Nentokake ancase iklan (nawakake barang utawa jasa).
2. Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsur pawarta (jeneng barang utaea jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
3. Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.

D. Nyuguhake teks iklan

Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng, becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
1. Paham isine iklan. Kalebh basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
2. Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
3. Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake

Sumber: gegaran nyinau basa jawa kelas XI SMA

PAWARTA

PAWARTA 


    Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh. 

 Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:

Bentuk cetak

Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran

Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika.

Liwat Internet

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog.

Bentuk lisan

Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta.


Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.

  • Sumber :GEGARAN NYINAU BASA JAWA 1 KELAS X SMA

Sabtu, 01 Februari 2020

Aksara rekan

Nyinau Kagunan jawa aksara jawa rekan.
Basa jawa iku urip mula basa jawa tansah owah, amarga titikanne apa wae kang urip iku mesthi owah. Basa jawa kang biyen mung nganggo tembung -tembung jawa, saya suwe saya kelebon tembung -tembung saka basa aral lan basa inggris. Kanggo ngawrkani panulise tembung-tembunh manca kamh ora ana tembung jawane,kira kira tahun 1996 kawatokake pranata penulise aksara jawa, ing kana salah sawijine  bab ngadharake anane aksara jawa rekan lan aksara pasanganne .
Aksara rekan iku ana lima, yaiku

A. Aturan kanggo nulis aksara jawa rekan :
Aksara jawa rekan iso dadi pasangan
Aksara jawa rekan iso dikake pasangan
Aksara jawa rekan iso kanggk dikake sandangan seng aksara ono neng hanacaraka
B. Kegunaan aksara rekan:
Bentuk-bentik seng ana ing hanacaraka ora iso menuhi kebutuhan ing tulisan kata-kata seko negara-negara. Aksara rekan digunake gawe nulis aksara konsonan ing kata-kata asing seng dipertahanke.
C. Nulis paragraf aksara jawa kanh ngemu aksara rekan.
Nulia aksara jawa iku padha karo nulis ukara disambung-sambung.kang perlu digateake,menawa nulis ukara jawa kudu diwiwiti (adeg adeg) lan di pungkasi ngango pada lungsi.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 SMA

Wewaler

Budaya Wewaler    Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nya...