Serat wedhatama pupuh pangkur
Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng
Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung ’serat’ tegese
tulisan/karya, ‘wedha’ tegese wulangan/tuntunan, dene ‘tama’ duwe teges utama/kautaman.
Contoh salah sijining serat wedhatama yaiku ‘Pangkur’.
Pangkur
Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngèlmu luhung,
Kang tumrap ning tanah Jawa,
Agama ageming aji.
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngèlmu luhung,
Kang tumrap ning tanah Jawa,
Agama ageming aji.
Tegese
ngindarake awak saka angkara
yen arep andidik putra
nang anjerone kaindahan syair
dipaesi supoyo katon apik
ben kang dituju ngilmu apik kelakon
kang tumerap ing tanah jawi
agami kang dadi pitakon para pemimpin
*Paugeran pupuh pangkur
Guru gatra : 7 gatra
Guru lagu : a,i,u,a,u,a,i
Guru wilangan : 8,11,8,7,12,8,8
Supaya gampang di eling-eling, guru wilangan lan
guru lagune tembang pangkur, biasane ditulis: 8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i.
Sumber: Gegarana Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X